Kamis, 11 Maret 2010

Kenang Apa Isin Ngomong Banyumasan?


Gara-gara TV, basa banyumasan koh dadi kaya bahasane wong ndesa, ketinggalan jaman karo ngisin-isini. Ning tambah gede aku dadi ngerti nek urip pancen kaya kuwe. Diawali sekang pelawak sing nganggo basa banyumasan nggo bahan lawakan, jelas gampang banget wong ora butuh materi sing angel-angel nggo ndagel, cukup ngomong nganggo dialek banyumasan terus kabeh se indonesia pada ngguyu.

Pancen ana pelawak sing njajal nganggo dialek seliyane banyumasan nggo dasar lawakane.
Misale batak, manado, ambon tapi langka sing bisa ngalahna kekuwatan dialek banyumasan nggo bahan lawakan.

Sing ora disadari ya generasi enom dadi pada isin ngomong nganggo basa banyumasan. Nek ora percaya jajal rika tiliki baen neng kene. mangkane angger aku bali neng banyumas aku sering kaget cah-cah enom sing dandanane kaya artis-artis (ning kuwalitas murahan) trus angger ngomong nganggo “gue-elu” padahal saben ndinane palingan ya mangan sega karo tempe…

Bangsane dewek pancen rasis, selama dewek tetep nganggep lucu wong sing beda sekang dewek. Tapi apa pancen kaya kuwe lumrahe menungsa ya?

Alah Embuh! Entut Mburut!!! Priwe Jajal?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar